Powered By Blogger

Kamis, 22 November 2012

METENG (humor Banyumasan)


Ana penganten anyar sing lanang senenge por bareng ngerti bojone meteng.
Ningen sedurunge ana kejelasan sekang dokter, penganten anyar kuwe sepakat arep ngrahasiakna disit soal metenge kuwe.

Sing wadon : "Mas, aja di omong2na disit ya... Mbok gagal, toli isin angger cempulek kur telat tok gole mens..."

Sing lanang : "Ya wis, ora arep ngomong karo sapa baen angger dokter urung ngomong nek kowe positip meteng."

Ujug-ujug wong PLN teka nagih tunggakan karo denda rekening listrik sing urung dibayar sewulan kepungkur.

Wong PLN : "Ibune telat sewulan..."

Sing wadon : "Lho rika si ngerti sekang ngendi...? Maaass... Kiye ngomong karo wong PLN kiye..."

Sing lanang : "Jan semblothongan banget... Kepriwe deneng rika ngerti masalah kiye..?"

Wong PLN : "Kabeh kecatet nang kantor paaakk..."

Sing lanang : "Ya wis, ngesuk nyong tek maring kantor ngrampungi masalah kiye..."

Ngesuke.................

Sing lanang : "Kepriwe PLN bisa ngerti rahasia keluargane nyong...?"

Wong PLN : "Lha ya ngerti wong kabeh kecatet nang kene koh..."

Sing lanang : "Terus men berita kiye dirahasiakna kepriwe carane pak...?"

Wong PLN : "Ya kudu mbayar....!!"

Sing lanang (asem nyong diperes kyeh!) : "Angger nyong ora gelem mbayar kepriwe...?"

Wong PLN : "Ya nggone rika diputus..."

Sing lanang : "Lha angger nggone nyong diputus si bojone nyong kepriwe...???"

Wong PLN : "Mbokan esih teyeng nganggo lilin...."