Ana penganten anyar
sing lanang senenge por bareng ngerti bojone meteng.
Ningen sedurunge ana
kejelasan sekang dokter, penganten anyar kuwe sepakat arep ngrahasiakna disit
soal metenge kuwe.
Sing wadon :
"Mas, aja di omong2na disit ya... Mbok gagal, toli isin angger cempulek
kur telat tok gole mens..."
Sing lanang :
"Ya wis, ora arep ngomong karo sapa baen angger dokter urung ngomong nek
kowe positip meteng."
Ujug-ujug wong PLN
teka nagih tunggakan karo denda rekening listrik sing urung dibayar sewulan
kepungkur.
Wong PLN :
"Ibune telat sewulan..."
Sing wadon :
"Lho rika si ngerti sekang ngendi...? Maaass... Kiye ngomong karo wong PLN
kiye..."
Sing lanang :
"Jan semblothongan banget... Kepriwe deneng rika ngerti masalah
kiye..?"
Wong PLN :
"Kabeh kecatet nang kantor paaakk..."
Sing lanang :
"Ya wis, ngesuk nyong tek maring kantor ngrampungi masalah kiye..."
Ngesuke.................
Sing lanang :
"Kepriwe PLN bisa ngerti rahasia keluargane nyong...?"
Wong PLN : "Lha
ya ngerti wong kabeh kecatet nang kene koh..."
Sing lanang :
"Terus men berita kiye dirahasiakna kepriwe carane pak...?"
Wong PLN : "Ya
kudu mbayar....!!"
Sing lanang (asem
nyong diperes kyeh!) : "Angger nyong ora gelem mbayar kepriwe...?"
Wong PLN : "Ya
nggone rika diputus..."
Sing lanang :
"Lha angger nggone nyong diputus si bojone nyong kepriwe...???"
Wong PLN :
"Mbokan esih teyeng nganggo lilin...."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar