Powered By Blogger

Senin, 07 Mei 2012

Kembang WIJAYAKUSUMA (Banyumasan)

Nang crita pewayangan, kembang Wijayakusuma kuwe azimat utawa senjata ampuh Sri Bathara Kresna, putra panengah Prabu Basudewa sekang kerajaan Mandura. Kresna kuwe raja sing bijaksana sekang negara Dwarawati. Kembang Wijayakusuma kuwe mung dienggo kanggo ngewangi para putra Pandawa angger agi kedesak.

Tembung Wijayakusuma dewek kuwe jane asale sekang rong tembung, yakuwe : Wijaya artine menang, Kusuma kuwe artine kembang, dadi Wijayakusuma kuwe artine kembang kemenangan. Nang crita rakyat, Sri Bathara Kresna sing nang donya wayang dianggep titisan Sang Hyang Wisnu, kuwe moksa (mati ngilang). Dheweke mbalangna kembang Wijayakusuma nang segara kidul utawa samudra Indonesia pedhek karo pulau Nusakambangan siki. Kembang kuwe dibalangna bareng karo kendaga utawa wadahe. Tutup kendaga sing wujude bunder kuwe njelma dadi pulau Majeti, terus wadah bagian ngisore dadi pulau Bandung. Loro pulau kuwe anane pedhek karo pulau Nusakambangan. Konon jere wong, nang pulau Bandung kuwe anane kembang Wijayakusuma. 
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar